ALLAH MAHA KWASA
tinelesan srana samudra tumupang ing kali kali
yekti Allah Maha kwasa yogya tansah pinuji puji
Kang kepareng ngabyantara aneng pedalaman suci,
kang resik tangan wah manahnya, tan natedosa ing lathi,
yeku tyang mursid sanyata setya tansah dumugeng janji.
Berkahing Pangeran tumurah mring tyang ajrih asih yekti,
Gesang tentrem rahayu tansah wit kaadilaning Gusti,
tyang kang tansah ngudi Allah kangen Gusti rina lan wengi.
Gapuraning Pedalaman kangkata mrih omber sestu,
krana Sang Ratuning kamulyan badhe langkung tindak mlebu,
yeku Gusti kaswarganing Kang Mahakawasa Allahmu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar